Nulis puisi iku pada bae karo nabuh gamelan. Tangan loro kaya nabuh sekabeh gamelan: saron, bonang, kedemung, gambang, tutukan, kendang, kecrek, gong. Sekabeh unen-unen krasa siji, sekabeh gawe laras sing nyawiji. Dudu sekedar muni anteng, tapi sing penting bisa ngumandangkan. Dudu sekedar krungu muni, tapi bisa nggrentas ning ati. Puisi duwe arti.